Sunday 13 September 2015

SINAU SUGIH ....

Kandani, dadi sugih kuwi kudu sinau. Ngopo ndadak sinau ? Ben rak katrok, rak keblinger.

Kandani, dadi kere kuwi gampang, mergo gak ono pilihan, garik dilakoni wae. Paling banter wong liyo mung 'mesakno' yen nyawang. Tapi yen wong bioso, ojo maneh sing bioso kere, arang mangan daging, sesasi mangan ayam awit cilik mung pisan opo pindo, ujug2 gede gajian 50 yuto, kandani ... mesti norak tur kaget tingkat dewaaaaaa .... !!! Tenaaaan ... !!!

Kandani, dadi wong sugih gak gampang, yen bioso dadi kere yo. Bioso lungo wc ndodok, ujug kon lungguh. Bioso adus jebar-jebur, ujug2 mlebu bak, nggo pancuran sing mbuka-nutupe wae gak ngerti thooo ... ?

Kandani, dadi wong sugih duit akeh ojo kagetan njuk keno syndrom OKB alias orang kaya baru. Marakno wong sing nyawang ki sebel tur misuh, mego ndelok wong kemaki.

Kandani, nduwe duit akeh gak jur kabeh urusan iso bar rampung urusane ngenggo duit. Geguyuban kuwi gak iso tuku nggo duit.

Dulur lan wong tuwo adoh ujug2 butuh ditulungi, sing bakal nulungi duduk duit, tapi tonggo cedak. Sing ngonoan kuwi coro inteleke ki immaterial, alias priceless rak iso dibayar nggo duit.

Maringono, dadi sugih, nduwe duit akih ojo keblinger. Opo maneh yen pelit, njijiki. Lagi sugih pirang sasi wis kaget yo rak mantesi tho yo ... yen sugihe kuwi permanen awit cilik mbah buyutue pancen turunan sugih, yo rodo ngga popo lah yen meh kemlinti tur kemaki. Tapi yen awit lahir kere, ujug2 lagi pirang sasi sugih terus kemaki kan ... ndeso ... katrok, ngisin2i ....

Ojo maneh, wis duite jarene akih, tapi utange yo akeh, mergo opo ? Yo mergo kuwi ... keblinger, ga iso noto awak. Dadi utangan yo soyo akeh, blonjo kartu kreditan terus. Lah, ngetoki bodone kan ... ? Ngetoki yen dadi sugih kuwi pancen kudu sinau ....

Wong sugih, dadi gak sugih rak bakal kaget, bioso wae. Yo sing rak kuat paling stress terus edan. Tapi yen sing apikan yo bioso wae, jenenge wong urip. Mengko mbalik maneh sugih yo tetep apikan ....

Piyeeee .... ? Sugih lagi pirang sasi moso meh dumeh .... Hadeeuuhh ... Kapokmu kapan ... ?

:p

No comments: